Sabtu, 22 Februari 2014

Contoh Drama Bahasa Jawa "NYESEL ORA BISA NYELESEAKE MASALAH"

NYESEL ORA BISA NYELESEAKE MASALAH


        Wektu tahun ajaran baru, ing SMP Maju Mundur, Desa Miskin Makmur, ana 3 bocah sing wis koncoan akrab. Senadyan jik tas kenal ing kegiatan MOPDB, 2 Tahun kepungkur. Yaiku Tini, Aam, lan Siti. Bocah 3 iku nduweni watak sing beda-beda. Tini nduweni sifat sing meneng-meneng ngglendemi, Aam gampang kehasut, lan Siti nduweni watak sing ceplas-ceplos. Piye kelanjutan ceritane? Iki terusane….

(Tini lungguh ing ngarep kelas, karo tengak-tenguk ngenteni Siti lan Aam teka)

Siti lan Aam : (Bebarengan) “Assalamu’alaikum..” (karo ngampiri Tini)

Tini : “Wah… Waalaikumsalam. Janjian to rek? Kok bareng?”

Siti : “Ora seh, kebeneran wae aku ketemu Aam ning ngarep gerbang.”

Aam : “Kowe wis suwe ngenteni ta, Tin?” (karo lungguh sebelahe Tini)

Tini : “Ora popo, aku wes ngerti lek kowe iku senengane ngaret...”

Siti lan Aam : “yee… ora yo!” (karo nyenggol Tini)

Tini : “Eh rek, jarene arep onok murid anyar yo?”

Aam : “Loh iyo tah, tenan?” (karo ekspresi kaget ; mata melotot)

Siti : “Lah tapi, aku sing kudune weruh dhisik to? Aku lak terkenal, lek jare wongkuta iku ‘femes’ngono…” (karo sendakep: pamer)

Tini : “Yo wes lah, jok rame ae! Ndelok mengko wae lho…”

Siti : “Halah, pancet ae Kowe Tin!!” (karo nggepuk tangane Tini)

(Sawise iku, bocah anyar sing diomongake Tini, Siti, lan Aam temenan mlebu kelas. Deweke dumadakan ngampiri bocah 3 sing lagi sibuk ngomong, karo ngenalake awake dewe.)

Aam : “Eh rek…rek… Iku ta bocah anyare? Ndeloken talah..” (karo narik-narik klambine Siti sing pancet sibuk ngomong.)

Siti : “Yo ojo tarik-tarik klambi pisan to Am! Mengko suwek iki..” (karo mangkel)

Tini : “Iyo…Iyo.. Paling iku murid anyare! Wah.. Wah..” (geleng-geleng ndelok penampilane murid anyar sing rodo’ acak-acakan)

Roha : “Opo bener to iki kelas 9Z?”

Siti : “Oalah, dadi iki to…” (karo sinis)

Tini lan Aam : (mangguk-mangguk)

Roha : “Rohanum, celuk wae aku Roha..” (karo salaman nang Siti, Tini, lan Aam, ngajak kenalan)

(Sawise kenalan lan ngomong-ngomong sekedare, Aam ngejak Roha lunggunh bareng, mangan ning kantin bareng. Tekan kene, Aam lan Roha iso dadi konco sing akrab lan apik. Singkate cerita, nyatane Roha nggowo pengaruh sing elek karo Aam sing polos. Nyatane Roha iku bocah sing ‘salah pergaulan’, deweke pinter nutupi sifat eleke tekan kanca-kancane.)

Aam : “Eh.. Aku kok yo kepingin to koyo kowe ngene. Iso bebas, wong tuwamu ora pati ngereken. Ora koyo aku. Mesti dikekang, ora tau oleh mulih bengi, mesti ben nglakoni sesuatu ditakoni. Aku kok risih yo..”

Roha : “Hmm… Aku biyen yo tau ngrasakno. Ora isa bebas. Nanging aku mikir, aku to yo wis gedhe, ora gelem di kekang maneh koyo’ ngono. Dadine aku saiki iso nggolek cara supaya bisa luwih bebas. Kowe ora gelem koyo’ aku ngene?”

Aam : “Aku pingin…pingin… banget… ta..tapi..tapi.. aku wedi, Roha…” (karo wajah keweden.)

Roha : (ngguyu ngenyek) “Wes talah, Am. Ono aku to? Kowe yo kate wedi karo opo?”

Aam : (ora njawab pertanyaane Roha, mek meneng karo nggaruk-nggaruk kepala)

Roha : “Wes…wes… kapan-kapan kowe bakal tak kenalno karo ‘donyaku’ yo.. Jo wedi maneh! Rapopo..” (karo nyekel bahune Aam.)

Aam : (Manthuk-manthuk)

(Ing bebarengan wektu, Atun-konco sekelas Aam, Roha, Siti, lan Tini-nguping sing diomongno Aam karo Roha. Dasare, Atun iku bocah sing ora duwe konco. Makane, Atun nduweni niat gawe ngancurno persahabatane bocah 4 mau. Atun ngadu domba Aam, Roha, karo Siti lan Tini.

Atun : “Tin,ti…. kowe arep ero ta sing diomongnokaro Aam ambek Roha? Koyoke Roha iku ngajak Aam koncoan ambek konco-koncone Roha sing brandal-brandal kuwi. Roha karo Aam yo wis ora gelem koncoan karo kowe…”

Tini : “Mosok se Tun? Kowe ora nggoroi awak dewe to?”

Siti : “Koyoke Atun bener, Tin… soale, akhir-akhir iki Aam karo Roha iku ngadoh tekan awak dewe, yo to?” (nada sinis)

Atun : “Aku ora goro aku,suer..”

Tini : “Yo seh yo, lek dipikir, ono bener e pisan…”

Siti : “Yaweslah. Ngene iki aku dadi males koncoan maneh karo bocah loro kuwi..”

(Sawise Atun sukses ‘ngracuni’ pikirane Tini lan Siti, Atun saiki nduwe niat ‘ngracuni’ pisan pikirane Aam lan Roha.)

(Ing kantin sekolah, Atun bengak-bengok nyeluk Aam lan Roha sing lagi mlaku-mlaku)

Atun : “ Am..Am!!! Roha…he Roha!!! ” (bengak-bengok)

Aam : “ Ana apa ta? Kowe kok menggos-menggos ngene?”

Atun : “Kuwi…kuwi..kuwi Tini lan Siti…waduh, gawat…!!!

Roha : “Kowe ngomong opo Tun? Aku ora ngerti!!!”

Atun : “Kuwi lho!! Siti lan Tini wes ora gelem koncoan maneh karo kowe! Soale, saiki kowe dadi tambah a-l-a-y” (karo ngarang cerita)

Roha : “Loh? Mosok iyo? Tenan ta?” (mbrabak)

Aam : “Saiki, Siti lan Tin wes berubah tenan! Lek bocah loro iku iso ngadoh tekan awak dewe, awak dewe yo iso! Luwih malah! Babah ora ngurus maneh! Bocah iku dudu koncoku maneh!” (karo emosi)

(Akhire, rencana eleke Atun gawe ‘ngracuni’ pikiran Aam lan Roha yo sukses temenan!)

(Singkat cerita, persahabatan Aam, Roha, Siti, lan Tini maleh rusak! Saben papasan, bocah 4 iku ora tau sopo-sopo an maneh. Siti lan Tini nglakoni aktifitas koyok biasane. Nanging, Aam lan Roha wis bener-bener kegowo pergaulan sing salah. Roha wis kecanduan obat-obat an terlarang, kabar luwih eleke maneh Aam kena virus HIV amarga pergaulan sing salah iku mau. Uripe dadi ancur! Prestasine mudun!)

(Ing bebarengan wektu, teka kanca sekelase bocah 5 mau, jenenge Ila. Deweke sing ngerti masalah sebenere. Deweke ngerti endi sing bener lan endi sing salah.)

(Tapi.. kabeh wes terlanjur rusak! Atun sing dadi penyebabe! Aam wis kena virus HIV, Roha wis kecanduan obat, Siti lan Tini wes kadung nyimpen dendam lan benci karo kancane dewe)

(Diceritakno… Aam nduwene putusan gawe ngakhiri urip e amarga wes putus asa karo penyakit HIV sing diderita. Roha melbu panti rehabilitasi gawe proses penyembuhan. Siti, Tini, lan Atun berhasil nyelesekno masalah gedhe selama iki.)

Tini : “Oalah, kok iso yo awak dewe kena masalah gedhe koyok ngene. Aku nyesel tenan Ti, nyesel banget…” (karo nangis)

Siti : “Yowes to Tin, arep dikapake maneh. Sego wes dadi bubur. Percuma wae awak dewe nangis! Wes ora bisa manehmbalekno kabeh sing wes rusak…”

Tini : Atun nangndi to? De’e wes iso gawe masalah tok! Ora iso nyelesekno…”

Siti : “Wes ora ono penyelesaian. Tenan, sego wes bener-bener dadi bubur nesumu ora bisa gawe Aam urip maneh.” (karo nangis)

Ila : (teka ngampiri Siti lan Tini) “ Tin, Ti… sepurane ganggu, aku duwe kabar yan Atun ora bisa sekolah maneh, amarga deweke ora duwe biaya gawe ngelanjutno sekolah.”

Tini lan Siti : (nyekel dodo, karo prihatin)

Singkat ceritane….

         Akhire Tini lan Siti iso nerima keadaan iki, malah Siti lan Tini ngupayano dana bantuan gawe Atun supaya bisa sekolah maneh. Atun wes njaluk sepura, Siti lan Tini yow is iso ngekeki sepura. Malah, Roha wes sehat lan iso ngelanjutno sekolah maneh. Deweke wes janji ora bakal nggawe kesalahan sing gedhe maneh.

      Tekan cerita iki, kita kudu iso njupuk pelajaran, yaiku penyesalan ora iso ditangisi, ora iso maneh balekno keadaaan koyok biyen maneh. Kudune, kita bisa mikir luwih adoh gawe massa depan awakdewe! Aja senang ngadu domba kancane dewe, aja senang ngehasut lan gampang kehasut. Sing penting, awakdewe kudu bisa sukses bareng-bareng! Kudu bisa nyadarake konco sing kirane wes mlebu ndek dalan sing salah. Aja malah ninggalno konco yen deweke salah! Sing bisa kita lakoni kuwi bisa berusaha gawe dadi uwong sing luwih apik maneh, amarga nyesel ora bisa nyeleseake masalah.


Lakon (Kelompok 3):

Ila : Nabilah Rohadatul (Narator)


Siti : Zahra Aisyiyah


Roha : Gumawa Windu


Aam : Annida Khoirun Nisa


Tini : Iing Merillarosa


Atun : Hazrina Putri

~Wind

0 komentar:

Posting Komentar